Monday, August 17, 2015

Pitutur Luhur Jare Simbah Biyen

Wong yen Nrimo, uripe Dowo
Wong yen Sabar, rejekine Jembar
Wong yen Ngalah, uripe bakal Berkah

Sopo sing Jujur, uripe yo Makmur
Sopo sing Suloyo, uripe yo Sengsoro
Sopo sing Sombong. amale bakal Kobong
Sopo sing Telaten, bakal Panen

Ojo podo Ngresulo, mundak gelis Tuwo
Sing wis Lungo, Lalekno
Sing durung Teko, Entenono
Sing wis Ono, Syukurono

Iki tetuah wong jowo, eling-elingono lan lakonono

Sehat kuwi yen:

Mangan enak.
Turu kepenak.
Ngibadah jenak.
Tonggo semanak.
Keluarga cedhak.

Bondo cemepak.
Kubur ra sesak.
Suwargo mbukak.
Sedulur grapyak.

Ono panganan ora Cluthak.
Ketemu konco ngguyu Ngakak.

# Copas

# Catatan: Nek ngguyu yo ojo ngakak, ora apik pak.

No comments:

Post a Comment

Mohon komentar yang baik-baik, tidak boleh nyepam, link yang menurut kami tidak baik, saya hapus, mohon maaf.